Cangkriman = batangan = bedhekan, yaiku tetembungan utawa unen-unen kang
kudu dibatang kekarepane amerga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere. Werna-wernane
cangkriman ana 4, yaiku:
1. Cangkriman tembang, tuladha:
a.
Bapak pucung rupane saengga gunung
Tan ana kang
tresna
Kabeh mesthi
sengit
Yen kanggonan
dilu-elus tinangisan (=wudun)
b. Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sabane ing
alas
Ngon-ingone
sang bupati
Yen lumaku si
puung lambehan grana (=gajah)
2. Cangkriman wancah/cekakane tembung, tuladha:
a. Pindhang kileng = sapi nang kandhang kanthi
mentheleng.
b. Burnaskopen = bubur panas kokopen.
c. Wiwa wite, lesba dhonge, karwa pete = uwi dhawa
uwite, tales amba godhonge, cikar dhawa tipete.
3. Cangkriman pepindhan (irib-iribaning barang),
tuladha:
a. Dicokot pucuke, sing kalong bongkote = rokok.
b. Wit adhikih uwoh adhakah = waloh.
c. Anake klamben ibune wuda = pring.
4. Cangkriman plesedan, tuladha:
a. Wong adol pithik disrimpungi (sing disrimpungi kuwi
pithike dudu wonge).
b. Wong adol mbako diambungi (sing diambungi mbakone).
c. Ana wong mati dilumpati kucing urip (sing urip
kucinge).
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
semoga bahasa jawa tetep abadi dan murni....
BalasHapus