Purwakanthi yaiku aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing
sajroning ukara.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
1. Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi sing
padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha:
a. Sapa jujur bakal makmur.
b. Ati jujur, budi luhur, pantes dadi wong dhuwur.
c. Wong kang watake sareh, polatane sumeh, adate
mitrane akeh.
2. Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi sing
padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
a. Ati tatag, watak teguh tanggon, tan tinggal tata
trapsila, adate bisa ngentasi karya.
b. Watak-wantune wanita utama, tindak-tanduke tansah
setiti ngati-ati.
c. Pemudha ora gumendhung, ndhadhag wani ndhadha
kaluputan, pantes ginadhang-gadhang dadi panggedhe.
3. Purwakanthi lumaksita (guru basa), yaiku
purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
a. Raja putra, putra dalem Ngastina.
b. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa.
c. Witing tresna, tresnaning mung sawetara.
Paedahe
purwakanthi yaiku bisa mbecikake ukara, bisa ngenakake swara lan bisa ngalusake
rasa. Luwih-luwih maneh menawa purwakanthi tetelu iku diracik bebarengan. Kang
mengkono iku banjur bisa nuwuhake reseping rasa. Mula purwakanthi iku dadi
busananing basa.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar