Sejarah adege praja Mataram ora bisa dipisahake
karo tlatah Gunung Kidul. Manut dedongengan lesan kang sumebar gethok tular,
degan si gagak emprit mau mujudake sawiji-wijine woh klapa kang sakawit thukul
saka sepet garing. Goteking akeh nyebutake yen wahyu kraton tanah Jawa sumimpen
jroning degan mau. Kanthi mangkono, sapa sing bisa ngombe banyu degan si gagak
emprit mau ateges bisa nyekel wahyu kraton tanah Jawa. Kanthi mangkono ing
tembe bakal jumeneng ratu.
Crita lesan rebutan degan si gagak emprit mau
nyatane uga tinemu ing crita babad kang katulis jroning kitab Babad Tanah Jawi
edisi Meinsma kang sumimpen ing gedhong Pustaka Sono Budaya Kraton Kasultanan
Ngayogyakarta bisa dadi sumber, mligine ing episode degane Ki Ageng Giring.
Kacaritakake ing episode mau, Ki Ageng Pamanahan
wis salin asma Ki Ageng Mentawis. Dheweke remen mertapa lan tirakat ing alas
gunung, lan papan-papan kramat. Panyuwune marang Gusti kang Akarya Jagad ora
liya kajaba putra wayahe ing tembe bisoa jumeneng ratu tanah Jawa kang nate
kapireng jroning riwayat.
Sawijining dina, Ki Ageng Pamanahan tilik rowange ing
Gunung Kidul sesilih Ki Ageng Giring utawa Ki Ageng Paderesan. Tekan papan sing
dituju, Ki Ageng Giring mbeneri ora ana ngomah. Ki Ageng Pamanahan mung
dipethuki Nyai Giring. Sawise kabar kinabaran lan bawarasa sawetara Ki Ageng
Pamanahan weruh degan wis parasan gumlethak ana jogan. Awit saking ngelake,
degan nuli dijupuk banjur diombe saendhegan. Nyai Ageng Giring kang
ketrek-ketrek nyoba nyegah nyatane muspara tanpa guna.
Geneya Ki Ageng Giring keduga nyimpen degan mau,
awit nuhoni unine wisik. Kasebutake jroning babad, degan kasebut kapethik saka
wit klapa kang nembe uwoh sepisanan. Nalika Ki Ageng Giring lagi nindakake
pakaryan nderes klapa, ndadak krungu swara gaib sing punjere saka degan mau. Dene
unine swara mangkene: “Hee, Ki Ageng Giring, mangertia! Sapa sing ngombe banyu
degan iki lan bisa entek saendhegan, ing tembe saturun-turune bakal dadi ratu
gedhe, mengku tanah Jawa kabeh!”
Kanthi senenge ati Ki Ageng Giring nuli mudhun. Degan
enggal diparasi digawa mulih. Amrih bisa ngentekake banyu degan jroning
saendhegan, Ki Ageng Giring nuli babad menyang wana dimen krasa kesel lan
ngelak. Ora ngertiya degan mau malh diombe Ki Ageng Pamanahan kang dina kuwi
sanja ing Gunung Kidul kaya wis kacritakake ing ndhuwur.
Sanajan gela, nanging dilaras wis dadi kersane
Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula banjur mupus sarta ngajak rembugan apik-apikan
marang Ki Ageng Pamanahan. Wigatine rembug, Ki Ageng Giring aweh pratikel sing
dadi ratu tanah Jawa ing tembe selang-seling antarane turun Pamanahan kari
turun Giring. Ki Ageng Pamanahan ora nyetujoni. Ki Ageng Giring banjur
ngajokake usul anane selingan sawise turun loro. Ki Ageng Pamanahan ya ora
ngulungake. Mangkono sateruse nganti turun kaping pitu turun Giring kang
nggenteni ratu tanah Jawa. Tekan kono Ki Ageng Pamanahan ngendika aris, “Kakang
Giring, allahualam, sok sukoa ing wingking. Kula mboten nguningani...”
Lelakon mengkono iku dening pujangga kang kajibah
ngrakit sejarah, kacaritakake mawa sanepan “rebutan degan si gagak emprit”.
Patilasan prajanjen antaraneKi Ageng Giring karo Ki
Ageng Pamanahan mau tinemu ing gumuk sandhuwure sendhang sing katelah Gunung
Pasar, Desa Dlingo, Kecamatan Dlingo, Kabupaten Gunung Kidul. Wujude patilasan
minangka pengetan prajanjen yakuwi kijing cacah pitu sing nganti tekan dinane
iki isih dirukti becik.
Miturut panalitene Dr. Ann Kumar, pancen nyata yen
ratu kaping pitu ing Kraton Mataram mujudake turun Giring, yaiku Pangeran Puger
kang nalika madeg nata jejuluk Sunan Paku Buwana I. Pangeran Puger yektine
wayah Panembahan Kajoran (Klaten) sing lair saka putra-putrine kang kagawa
Pangeran Riyamenggala tus Giring.
(Kapethik saka crita rakyat Panjebar Semangat taun 2012, dening Sugeng
Wiyadi mawa owah-owahan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar