Gugon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu mareng
guneme wong utawa dedongengan. Tuhon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang
banget mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. Dadi gugon tuhon
yaiku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan
sing maune ora perlu digugu amerga ora ana bukti nyatane.
Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora
nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a. Dadi mangsane bathara kala
b. Bisa sengsara panguripane
c. Anake bisa entek mati
d. Bisa ora dawa umure
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan nanggap wayang lakon
Murwakala. Dene slametan kanggo ngilangi bebendu sesiku iku diarani
Mruwat/Ruwatan. Sing kalebu gugon tuhon ana werna loro yaiku wasita sinandhi
lan bocah sukerta.
a. Wasita
Sinandhi.
Wasita sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora
dilairake kanthi satemene. Padatan liyane, wasita sinandhi uga diarani aradan, lumrahe dikantheni tembung ora ilok kang satemene ora becik.
Tuladha: Aja lungguh, ngadeg lan ndhodhok ing
tengah lawang, mundhak jondhange bali ing dalan. (Tumrap anak lanang: mundhak
angel olehe golek bojo). Sarehning lawang kuwi dalan kanggo mlebu metu ing
omah, dadi menawa dienggo lungguh, ngadeg utawa ndhodhok, bisa ngganggu
wong-wong sing arep liwat.
Tuladha: 1. Aja seneng lungguh bantal, mundhak udunen.
2. Aja menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
3. Ora ilok nyapu latar nganggo keset, mundhak anake
kesot.
4. Ora ilok wanita lungguh jegang.
5. Ora ilok payungan ing njero omah.
6. Aja sok ngliling bayi saka duwur, mundhak pangling
sing momong.
7. Ora ilok mangan karo turon, tumrap wong waras.
8. Aja ngidoni sumur utawa genthong, mundhak guwing.
9. Aja gawe omah sing lawang lan butulane terusan.
10.Ora ilok mangan karo ngadeg, lan sapiturute.
11.Ora ilok mbuwang tuma.
b. Bocah
Sukerta.
Kang diarani
bocah sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu
diruwat lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah iku lamun wis diruwat
wis ora kalebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah sukerta
kuwi ana rong golongan, yaiku:
1. Bocah sukerta
amerga kodrate (dudu karepe bocah), kayata:
a) Bocah Ontang-anting.
Yaiku bocah
lanang siji tunggal.
b) Bocah
unting-unting.
Yaiku bocah
wadon siji tunggal.
c) Bocah uger-uger lawang.
Yaiku bocah
lanang loro kakang adhi.
d) Bocah kembang sepasang.
Yaiku bocah wadon
loro kakang adhi.
e) Bocah cukil dulit.
Yaiku bocah
lanang telu kakang adhi.
f) Bocah gotong mayit.
Yaiku bocah
wadon telu kakang adhi.
g) Bocah saka panggung.
Yaiku bocah
lanang papat kakang adhi.
h) Bocah sarimpi.
Yaiku bocah
wadon papat kakang adhi.
i) Bocah pandhawa.
Yaiku bocah
lanang lima kakang adhi.
j) Bocah pancagati.
Yaiku bocah
wadon lima kakang adhi.
k) Bocah kedhana-kedhini.
Yaiku bocah
loro lanang wadon kakang adhi.
l) Bocah sendhang kapit panuran.
Yaiku bocah
telu lanang wadon lanang kakang adhi.
m) Bocah
pancuran kapit sendhang.
Yaiku bocah
telu wadon lanang wadon kakang adhi.
n) Bocah kembar.
Yaiku bocah
kang lair bareng.
o) Bocah gondhang kasih.
Yaiku bocah
kembar beda pakulitane.
p) Bocah dampit.
Yaiku bocah
kembar lanang wadon.
q) Bocah karenda.
Yaiku bocah
kembar nunggal bungkus.
r) Bocah bungkus.
Yaiku bocah
lair sabungkus.
s) Bocah tawang gantungan.
Yaiku bocah
kembar laire ganti dina.
t) Bocah ipil-ipil.
Yaiku bocah lima
siji lanang papat wadon.
u) Bocah pondangan.
Yaiku bocah
lima siji wadon papat lanang.
v) Bocah margana.
Yaiku bocah
lair ing tengah dalan.
w) Bocah jempina.
Yaiku bocah
lair durung genep sasine.
x) Bocah gilir kacang.
Yaiku bocah
urut lanang lan wadon.
y) Bocah julung caplok.
Yaiku bocah
lair bareng surupe surya.
z) Bocah julung kembang.
Yaiku bocah
lair bareng pletheking surya.
2. Bocah sukerta
amerga tumindake, kayata:
a. Bocah utawa wong kang ngrubuhake dandang.
b. Bocah utawa wong kang nugelake gandhik.
c. Bocah utawa wong kang nandur waluh ing ngarep omah.
d. Bocah utawa wong kang bebuwang ana ing sumur.
e. Bocah utawa wong kang mbuwang siladan ana ing
latar.
Bocah sukerta ing dhuwur mau dadi jatah pangane Bathara Kala. Ing jaman
saiki upacara ruwatan wis arang-arang katindakake. Bocah sukerta mung dhapur gugon tuhon, digugu
becik, ora ya ora apa-apa.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar