Basa Jawa Kuna (krama Basa Jawi Kina) iku basa Jawa sing dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki
amerga nalika iku basa iki wis ditulis.Basa Jawa Kuna akèh pengaruh saka
tembung Sansekerta.
Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra sing ditemokaké. Yèn prasasti-prasasti iki biasané
ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra
biasané diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal,
senadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar
Sundha, lan Madura.
Conto basa Jawa Kuna:
· Kunang kacaritanikanang amawa
phalaning jambu, sânak ikang nāga Takṣaka tumutur sakêng pātāla, ikang Takṣaka
munggwing sunguting jambu. Ikang brāhmana mamawa jambu, ri huwusing jambu
kawwat, mangunyakěn wedaśānti mangastungkārājaya-jaya mantra.
Jarwa
'*Déne caritané sing nggawa woh
jambu, seduluré naga Taksaka, mèlu saka ing dhasaring bumi, si Taksaka dumunung
ing sunguting jambu. Sang Brahmana ngasta jambu, ing sawisé jambuné kaatur,
ngunèkaké pepujèn wéda, memuji slamet lan unggul mantra.
Prabedan antarane basa Jawa Kuna lan basa Kawi.
Basa Kawi iku basa kasusastran. Basa
iki bisa adhedhasar basa Jawa Kuna, nging durung temtu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar