Eksposisi iku asale saka tembung basa manca
(Yunani/Latin) kang manut asale ateges miwiti utawa babat alas. Paragraf iki
menehi katrangan-katrangan sing sadurunge durung ana utawa wis suwe banget
kesilep wektu. Sifate menehi katrangan tanpa ajak-ajak marang sing maca tulisan
kasebut. Wujud karangan eksposisi bisa awujud tips. Umpamane tips kasarasan:
jambu kluthuk kanggo nyegah utawa nambani demam berdarah. Piye carane gawe,
dhahare lan sapiturute dibeberake ana ing wujud karangan eksposisi. Pola
pengembangan karangan eksposisi bisa kadhapuk saka:
1. Pola proses, yaiku sawijining urutan saka kepiye
carane gawe utawa ngasilake asil saka kedadeyan utawa prastawa.
2. Pola sebab-akibat, sebab tumindak minangka gagasan
utama, lan akibat minangka rincian pengembangane.
3. Pola ilustrasi, mung sadrema ngandarake kekarepane
penulis. Pengalaman-pengalaman pribadi bisa dadi bahan ilustrasi kang paling
efektif kanggo njlentrehake gagasan umum.
Paragraf
eksposisi kang becik mbutuhake penalaran kang logis, yaiku kanggo nggathukake
antarane data lan fakta kang ana kanggo nata kesimpulan kang bener.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar