Sabtu, 20 Desember 2014

Surya Pyar Pecah Dadi Rah

Mara mrana, kaya arum sekar kang dadi lelipur
Lan tinandur ing rembulan sepisan.

Gela-gelane sapa sing ditakoni
Banyu mili dadi kembang turi
Winih pari tumprap tangise ati
Nalika iku pranata cara sih jumeneng ing palenggahan
Sarasehan kang dudu diwiwiti katon ajur
Lebur ing napsune para rawuh,
Rasa – rusuh – reketek – ambleg
Njur nunggu tekane surya
Sumunar sangka pupuse pangangen

Sapa kang kudu dadi paugerane ati
Yen yoni wis wuta
Urup angslup jero, njeroning bawana

Ing najaba
Surya pyar pecah dadi rah
Sukma sinedhot sangka otot
Pati pinangka pesthi dibaleni sangka siji tumeka satus siji
Jerit-jumlerit nggegirisi ing ati, ngandhan-andhan
Rupa rikma agni, saking dukane Dewi Umayi
(Saka Panjebar Semangat No. 50 – 13 Desember 2008, dening Joko Susilo)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar