Tembung
Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese
dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha: Padhang
njingglang.
Peteng
ndedet.
Ayem
tentrem.
Tumpang
tindih.
Ajur mumur.
Tembung
Entar
Entar tegese silih utawa ampil.
Tembung entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing
basa Indonesia, tembung entar diarani kiasan utawa ungkapan.
Tuladha:
a. Ranti rewel kogel atine amarga ora dipundhutake
dolanan.
Kogel atine tegese anyel.
b. Pak Minta kae
katone sabar, jebul karo anak-anake gelem mara
tangan.
Mara tangan tegese
cengkiling utawa milara.
c. Joni kuwi
pancen sirah watu, wis dikandhani
bola-bali isih tetep ora nggugu.
Sirah watu tegese nggugu
karepe dhewe.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar