Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang dudu dilampahi
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani.
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
ing pojok ati,
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri,
Muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti.
(Dening Tatiek Kalingga ana ing Panjebar Semangat No. 50- 13 Desember 2008
kaca 40)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar