Minggu, 21 Desember 2014

Wuyung

Kelingan sliramu
Bebasan kaya sewiwi manuk kang mabur dhuwur
Tanpa tandha, kapan anggone mencok wit-witan
Takon marang langit biru sing klawu
Apa isih bisa ngusapake kluwung
Supaya kowe bisa maca atiku
Yen ing kene aku isih kangen sliramu

Ngrakit ukara gurit katresnan
Ora beda kaya maku watu cadhas gunung
Atimu atos, jiwamu kukuh kaya karang
Mbuh kepriye maneh carane
Mbukak atimu supaya bisa nampa aku
Kanthi tresna kang adiluhung

Aja nganti, anggonku ngreka daya sutresna
Dadi nekat keladuk wani kurang duduga
Amarga mengko kabeh malah bakal nggawa cilaka
Nalika nefsu amarah shofiah lan mutma’inah
(Saka Panjebar Semangat No. 50 – 13 Desember 2008, dening Farida Qori Anitawati)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar