Wengi-wengi ing mangsa rendheng
Grimis ngrasa sumuk lan goreh
Eling marang suket-suket sadawane lurung
jiwa
“Apa
isih ana tapake sikil
nalika
bumi teles
ati
teles
prastawa
kapungkur sangsaya nunjem nandhes?”
grimis nginguk cendhela menga
nyapa mawar manglung
gojegan karo dhara sing turu blejed ing
tilamsari
banjur...
“Sugeng
nerusake sare,”
sawise
ninggali sagegem gupitasari
(Kajupuk saka Bledheg Segara Kidul)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar