Minggu, 28 Desember 2014

Intermezo Grimis

Wengi-wengi ing mangsa rendheng
Grimis ngrasa sumuk lan goreh
Eling marang suket-suket sadawane lurung jiwa
                “Apa isih ana tapake sikil
                nalika bumi teles
                ati teles
                prastawa kapungkur sangsaya nunjem nandhes?”
grimis nginguk cendhela menga
nyapa mawar manglung
gojegan karo dhara sing turu blejed ing tilamsari
banjur...
                “Sugeng nerusake sare,”
                sawise ninggali sagegem gupitasari
(Kajupuk saka Bledheg Segara Kidul)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar