Dhek jaman biyen ing tanah jawa ana sawijining kraton jenenge
Prambanan. Ratune asmane Praba Baka, kagungan putrid kang sulistya begat asmane
Rara Jonggrang.
Kejaba kraton Prambanan, ing tanah Jawa uga ana kraton liyane sing ora
kalah gedhene jenenge kraton Pengging. Kraton Pengging duwe prajurit sekti sing
jenenge Bandawasa. Kejaba sekti, Bandawasa uga duwe gegaman kang ampuh banget
arane Bandung. Mula Bandawasa uga kondang aran Bandung Bandawasa. Ing
sawijining dina Ratu Pengging nimbali lan ngutus Bandung Bandawasa suapaya
nelukake kraton Prambanan. Esuke Bandung Bandawasa sawadyalane budhal tumuju
kraton Prambanan.
Ing Prambanan, Prabu Baka lan prajurite kang ora kuwawa ngadepi
wadyabalane Bandung Bandawasa. Wusana Prabu Baka kalah lan bisa dipateni. Wiwit
kuwi Ratu Pengging dhawuh supaya Bandung Bandawasa manggon ingn kraton
Prambanan.
Nalika Bandung Bandawasa manggon ing kraton Prambanan, dheweke weruh
wanodya kang sulistya ing warna, iya putrine Prabu Baka, Rara Jonggrang. Sabanjure
Bandung Bandawasa kasmaran marang Rara Jonggrang lan sedyane arep didadekake
jatukramane. Nanging Rara Jonggrang abot arep nampa lamarane Bandung Bandawasa.
Amarga ngelingi yen sing mateni ramane iku ya Bandung Bandawasa dhewe lan
menawa arep nolak ya abot sanggane.
Rara Jonggrang mikir lan mbudidaya kepriye carane supaya bisa ora
klakon anggone palakrama karo Bandung Bandawasa. Wusana Rara Jonggrang nemokake
cara yaiku lamaran iku ditampa nanging nganggo bebana sing mokal bisane
kelakon. Bebanane, Bandung Bandawasa supaya nggawekake candhi sing cacahe sewu
karo sumur sing jero banget, iku kabeh kudu rampung sajroning sawengi.
Bandung Bandawasa langsung nyaguhi bebanane Rara Jonggrang, amarga
rumangsa yen bebana kuwi entheng banget jalaran duwe bapa sing bisa bantu
kekarepane (Damarmaya). Bapake Bandung Bandawasa duwe wadyabala lelembut sing
bisa nulungi nindakake pegaweyan kang ora bisa dilakoni dening manungsa.
Tekan dina sing wis ditemtokake, para wadyabala lelembut wiwit
nyrempeng anggone padha nyambut gawe. Tekan ing tengah wengi wis bisa
ngrampungke candhi cacahe 500 (separo). Rara Jonggrang kang nekseni anggone
nggawe candhi wiwit goreh lan bingung, gek kepriye dadine menawa Rara Jonggrang
sida dadi jatukramane Bandung Bandawasa.
Rara Jonggrang banjur ngudi cara kepriye bisa wurung. Mulane banjur
nggugahi prawan-prawan Prambanan supaya bisa tangi reka-reka nutu pari ana
lesung lan sakiwa tengene lesung supaya disebari kembang sing wangi-wangi.
Nalika prawan-prawan ing Prambanan padha nindakake dhawuhe Rara
Jonggrang, wadyabala lelembut kang lagi nggarap candhi karo sumur padha leren,
ngira menawa wis perak esuk, apa maneh mambu ganda wangine kembang. Wadyabala
lelembut mau banjur padha lunga, kamangka anggone nggawe candhi isih kurang
siji karo sumur. Dadine bebanane Rara Jonggrang ora bisa dileksanani.
Esuke Bandung Bandawasa niti priksa gaweyane para lelembut. Nanging
bareng dieting kurang candhi siji lan sumur, ndadekake nepsune Bandung Bandawasa
amerga wurung kekarepane. Bareng ngerti iki trekahe Rara Jonggrang kang dibantu
dening prawan-prawan Prambanan, Bandung Bandawasa kelair nyumpahi Rara
Jonggrang disabdakake dadi reca. Wujude reca kasebut nganti saiki isih bisa
dideleng ing sajroning komplek Candi Prambanan.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar