Serat Wulangreh yaiku karya sastra kang awujud tembang,
karyane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, raja Surakarta, sing lair tanggal 2
September 1768.
Saiki, naskah Serat Wulangreh disimpen ing Museum
Radya Pustaka ana ing Kutha Surakarta.
Tembung wulang
duwe sinonim tembung pitutur sing
tegese “ajaran”. Tembung Reh asale saka Basa Jawa Kuna mlaku,
aturan lan laku carane nggayuh utawa tuntutan. Sahingga Wulangreh bisa duweni
teges ajaran kanggo nggayuh sawijining bab. Maksude bab iki yaiku laku tumuju
urip sing harmoni lan sampurna.
Ing ngisor iki salah sawijine tembang ing Serat
Wulangreh:
Ngelmu iku
kalakone kanthi laku
Lekase lawan
kas
Tegese kas
nyantosani
Setya budya
pangekese durangkara
Maksude:
Ilmu iku supaya bisa dipahami utawa bisa dikuwasai kudu
nggawa cara, carane nggayuh ya nggawa cara kas,
tegese kas yaiku usaha keras kanggo “memperkokoh
karakter”, kokohe budi (karakter) bakal ngadohake saka watak angkara.
Salah sawijine istimewane karya sastra iki yaiku
ora nganggo Basa Jawa Kuna sahingga nggampangake sing maca kanggo mahamine. Sanajan
iku, ana babagan-babagan sing prelu dicermati amarga karya kasebut ajaran
sinkretisme Islam-Kejawen, utawa ora kabeh ing jrone kuwi ajaran Islam.
Sahingga ngakibatake sudut pandang sing beda-beda kanggo wong kang maca sing
beda ideologi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar