1. Ngoko Lugu.
Sedaya tetembungan ngginakaken tembung ngoko (afiks
ugi ngoko).
Tuladha: a. Aku mangan sega.
b. Ibu lagi masak.
c. Bapak lunga menyang sawah.
2. Ngoko Alus.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko
(afiks ugi ngoko), krama inggil minangka pakurmatan kagem tiyang sanes, krama
andhap (menawi wonten). Ragam basa menika dipunginakaken maring tiyang ingkang
sampun tepung nanging tetep kepengin ngaosi (ngajeni).
Tuladha: a. Pakdhe mengko arep tindak karo sapa?
b. Bapak dhahar soto.
c. Ibu wis sare kawit jam wolu mau.
3. Krama
Lugu.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika sedaya
ngginakaken tembung krama (afiks ugi krama).
Tuladha: Sampeyan sampun nedha?
4. Krama Alus.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika
leksikon krama, krama inggil (minangka pakurmatan dhumateng tiyang sanes),
krama andhap (menawi wonten), afiks ugi krama. Ragam basa menika dipunginakaken
maring tiyang ingkang dereng tepung lan kanggti yang statusipun asor dhateng
tiyang statusipun inggil.
Tuladha: a. Panjenengan sampun dhahar, Pak?
b. Simbah gerah waja sampun tigang dinten.
c. Bapak nembe sare.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar