PARIBASAN
Yaiku: unen-unen gumathuk kang ajeg panganggone, surasane wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Yaiku: unen-unen gumathuk kang ajeg panganggone, surasane wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Prakara cilik dadi prakara gedhe.
Tegese:
prakara cilik dadi gedhe lan mbebayani.
b. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.
Tegese: wong
bodho lan wong pinter padha dene nemu kacilakan.
c. Durung pecus kesusu selak besus.
Tegese:
durung pinter sekolahe wis duwe pepinginan sing ora-ora.
d. Tulung menthung.
Tegese:
tetulung nanging wusasane malah gawe rekasane sing ditulung.
e. Keplok ora tombok.
Tegese: melu
seneng-seneng nanging ora melu cucul wragad.
f. Timun wungkuk jaga imbuh.
Tegese: wong
bodho kanggone yen ana kekurangan.
g. Tuna satak bathi sanak.
Tegese: rugi
sethithik ora dadi apa, nanging tambah paseduluran.
h. Baladewa ilang gapite.
Tegese: wong
sing wis ora duwe panguwas maneh.
BEBASAN
Yaiku: tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa
pepindhan.
Tuladha:
a. Kebak luber kocar-kacir.
Tegese: wong
kang kakehan ngilo malah bisa owah pikirane.
b. Nututi layangan pedhot.
Tegese:
nututi barang remeh ora kurup karo rekasane.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar