Panjebar semangat yaiku kalawarti (majalah) basa
Jawa kang terbit pisanan 2 September 1933. Kalawarti iki isih tetep terbit
minggon nganti saiki. Panjebar semangat digunakake dr. Soetomo kanggo
nyengkuyung kamardikan Indonesia kanthi sesanti Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
Ing jaman nalika kababar, Panjebar semangat
dianggep ora lumrah amarga nggunakake basa Jawa ngoko. Kalawarti iki kalebu
kalawarti paling tuwa sing isih urip nganti saiki ing Indonesia. Ing
mangsa-mangsa awal namung bisa nyithak 2000 eksemplar. Nanging ing taun 1936,
bisa nyithak 6000 nganti 12000 eksemplar.
Ing jaman Jepang, kalawarti iki kudu tutup sawetara
wektu, lan lagi bisa kacithak maneh ing taun 1949.
Majalah iki ora namung kasebar ing Jawa utawa
Indonesia wae, ananging uga ing negara liya, kayata: Suriname, Kaledonia Anyar,
Malaysia, Thailand, Burma, lan Vietnam.
Ing taun 2013, Panjebar Semangat pikantuk bebungahan saka Museum Rekor Dunia Indonesia minangka kalawarti paling tuwa kang nggunakake basa dhaerah ing Indonesia. Bebungahan iki diwenehake dening MURI ngepasi dina ambal warsa Panjebar Semangat kang kaping 80 ing 2 September 2013.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar