Senin, 05 Januari 2015

Konggres Basa Jawa

Konggres Basa Jawa sing bisa disingkat KBJ, yaiku prastawa limang tahunan sing dipandhegani dening pamarentah telung propinsi. Telung propinsi kuwi yaiku Jawa Tengah, Jawa Timur lan Propinsi D.I. Yogyakarta, amarga telung propinsi kasebut sing nggunakake basa Jawa. Prastawa iku biasane dirawuhu dening para akadhemisi, praktisi, lan masarakat sutresna basa lan budaya Jawa. Undangan kusus uga ditujuake marang tiyang mancanegara kaya dene Malaysia, Suriname, Australia, lan uga Walanda. Konggres sepisaanan dilaksanakake ana ing Semarang, Jawa Tengah ing taun 1991.
Panggonan Konggres Basa Jawa lan mangsane:
a. Konggres Basa Jawa I, 15-21 Juli 1991 ing Semarang.
b. Konggres Basa Jawa II, 22-26 Oktober 1996 ing Malang.
c. Konggres Basa Jawa III, 15-21 Juli 2001 ing Jogjakarta.
d. Konggres Basa Jawa IV, 10-14 September 2006 ing Semarang.
e. Konggrees Basa Jawa V, 27-30 November 2011 ing Surabaya.
Kaputusan-kaputusan wigati  Konggres Basa Jawa:
Konggres Basa Jawa IV:
a. Nyatakake lumakune piwulangan Basa Jawa ing Sekolah Dasar tekan Sekolah Menengah Atas    lan sederajat ing telung propinsi kasebut.
b. Piwulang basa Jawa supaya migunakake teknologi kanggo mepaki pembelajaran Basa Jawa.
c. Kulawarga masarakat Jawa supaya migunakake Basa Jawa.
d. Konggres Kabudayan Jawa ing taun 2011 dilaksanakake sadurunge Konggres Basa Jawa ka-V. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar