Rabu, 07 Januari 2015

Kirab Apem Kaloran

Kanggo nyambut wulan suci Romadhon, warga Desa Undaan Lor, Kecamatan Undaan, Kabupaten Kudhus, nganakake kirab Apem Kaloran utawa kirab Apem Ruwahan kang mubengi desa. Kirab dianakake tanggal 5 Juni 2014, ing wayah sore. Sawise kirab, apem kang cacahe sepuluh ewu kuwi digawe rebutan ewunan warga.
Swasana ing Bale Desa Undaan Lor katon rame. Ora namung ing jrone bale desa, ing pelataran lan  dalan ngarep bale desa uga diseseki dening warga desa. Dheweke kabeh melu prosesi kirab kang nembe dilaksanakake kapisan.
Ing jerone kirab kasebut, apem kang cacahe sepulu ewu digawe gunungan, banjur digawa mubeng desa kang diwiwiti saka bale desa nganti tekan makam leluhur yaiku keturunan Adipati Kaloran, Zainal Abidin Surgiwali II.
Saliyane gunungan apem, uga ana gunungan kang isisne asil tani, kayata: pari, jagung, tela, woh-wohan lan sapanunggalane.

Ana ing makam keturunan Adipati Kaloran, dianakake donga-donga njaluk ngapura marang Gusti Allah kanthi dipimmpin dening kyai. Sawise donga, gunungan mau nembe digawe rebutan dening warga. Embuh iku nom, tuwa, cilik, gedhe padha sesek-sesekan supaya bisa pikantuk apem utawa asil tani. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar