Selasa, 06 Januari 2015

Basa Jawa 2 Jam Saben Minggu

Sekolah sing ora menehi alokasi kanggo basa Jawa 2 jam saben minggu, berarti wis ngelanggar Perda Propinsi Jateng Nomor 9 taun 2012 babagan basa , sastra, lan aksara Jawa kang disusul terbite pergub Nomor 57 taun 2013.
Babagan kasebut amarga isih ana sekolah kang namung ngalokasikake sejam saben minggu lan ana sing didadikake siji karo pelajaran liyane. Gegayutan karo iku, Dinas Pendhidhikan arep nindaklanjuti sekolah sing mbandel.
Kurikulum 2013 Basa Jawa nembe disahke tanggal  4 Juni 2014, mulok basa Jawa ing kurikulum 2013 berbasis kompetensi inti (KI) lan Kompetensi Dasar. Luwih nekanake penyederhanan materi, artine materi kang diajarake ora akeh kaya ana ing kurikulum sadurunge nanging luwih jero.
Misal: materi cerkak diajarake nganti telung pertemuan ing kelas SMA, supaya para siswa luwih nguwasai aspek pengetahuan.

Pelajaran basa Jawa uga ana alangane kaya dene isih sithike guru basa Jawa, amarga saka iku bupati lan walikota kudu luwih mahami permasalahan pelajaran basa Jawa lan pentinge pelajaran kasebut diajarake kanggo bocah-bocah jaman saiki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar