Sekolah sing ora menehi alokasi kanggo basa Jawa 2
jam saben minggu, berarti wis ngelanggar Perda Propinsi Jateng Nomor 9 taun
2012 babagan basa , sastra, lan aksara Jawa kang disusul terbite pergub Nomor
57 taun 2013.
Babagan kasebut amarga isih ana sekolah kang namung
ngalokasikake sejam saben minggu lan ana sing didadikake siji karo pelajaran
liyane. Gegayutan karo iku, Dinas Pendhidhikan arep nindaklanjuti sekolah sing
mbandel.
Kurikulum 2013 Basa Jawa nembe disahke tanggal 4 Juni 2014, mulok basa Jawa ing kurikulum
2013 berbasis kompetensi inti (KI) lan Kompetensi Dasar. Luwih nekanake
penyederhanan materi, artine materi kang diajarake ora akeh kaya ana ing
kurikulum sadurunge nanging luwih jero.
Misal: materi cerkak diajarake nganti telung
pertemuan ing kelas SMA, supaya para siswa luwih nguwasai aspek pengetahuan.
Pelajaran basa Jawa uga ana alangane kaya dene isih
sithike guru basa Jawa, amarga saka iku bupati lan walikota kudu luwih mahami
permasalahan pelajaran basa Jawa lan pentinge pelajaran kasebut diajarake
kanggo bocah-bocah jaman saiki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar