SANEPA
Yaiku: ukara pepindhan ngemu surasa mbanetake, duwe teges kosok balen.
Yaiku: ukara pepindhan ngemu surasa mbanetake, duwe teges kosok balen.
Tuladha:
a. Tatune arang kranjang.
Tegese:
tatune akeh banget.
b. Utange arang wulu kucing.
Tegese:
utange akeh banget.
c. Eseme pait madu.
Tegese: eseme
manis banget.
SALOKA
Yaiku: tetembungan kang jeg panganggone ngemu teges entar lan surasa
pepindhan, kang disalokakake wong.
Tuladha:
a. Kebo kabotan sungu.
Tegese: wong
kang rekasa uripe merga kakehan anak.
b. Emban cindhe, emban siladan.
Tegese: pilih
kasih ora adil.
c. Cebol nggayuh lintang.
Tegese:
kekarepan kang mokal bakal kelakon.
d. Kebo nusu gudel.
Tegese: wong
tuwa jaluk wuruk wong enom.
e. Kebo mulih ing kandhange
Tegese: wong
lunga adoh bali menyang omahe maneh.
f. Macan guguh.
Tegese: wong
gedhe senajan wis kilangan panguwasane isih katon medeni.
g. Tumbu oleh tutup.
Tegese: wong
kekancan sing cocok banget.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar