Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan
Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa
gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan
ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire
awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi
wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing
ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong
Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang
diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan
njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena.
Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin.
Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon
Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi
dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih
dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran
Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake
Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni
kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu
Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena
durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh
sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping
pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu
marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora
bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi
pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli
ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho,
Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka,
Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke
kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena,
Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen
jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg
njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder,
gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli
manjing samudra. Kasektene ali-ali
Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning
samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja.
Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancaraka, naga mau ilang
saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah
cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine
Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli
dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa
Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.
Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug
nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali
nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi
Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka
Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake
dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal
bela Bratasena selawase.