Sabtu, 10 Januari 2015

Dewa Ruci

Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena. Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin. Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho, Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka, Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena, Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder, gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli manjing samudra. Kasektene  ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja. Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancaraka, naga mau ilang saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.

Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal bela Bratasena selawase. 

Werna-wernaning Wayang

1. Wayang wong, yaiku: wayang kang paragane wong.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
2. Wayang kulit, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
3. Wayang golek, yaiku: wayang sing digawe saka kayu, dipetha uwong.
Critane: Menak.
4. Wayang klithik, yaiku: wayang sing digawe saka kayu nanging digawe gepeng.
Critane: Damarwulan.
5. Wayang gedog, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: Panji.
6. Wayang beber, yaiku: wayang awujud gambar adegan.
Critane: Raden Panji lan Sekartaji.
7. Wayang suluh, yaiku: wayang modern sing digawe saka lulang dipetha wong kanggo menehi sesuluh/ penerangan.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
8. Wayang wahyu, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: saka kitab suci.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Jumat, 09 Januari 2015

Sanepa lan Saloka

SANEPA
Yaiku: ukara pepindhan ngemu surasa mbanetake, duwe teges kosok balen.
Tuladha:
a. Tatune arang kranjang.
Tegese: tatune akeh banget.
b. Utange arang wulu kucing.
Tegese: utange akeh banget.
c. Eseme pait madu.
Tegese: eseme manis banget.
SALOKA
Yaiku: tetembungan kang jeg panganggone ngemu teges entar lan surasa pepindhan, kang disalokakake wong.
Tuladha:
a. Kebo kabotan sungu.
Tegese: wong kang rekasa uripe merga kakehan anak.
b. Emban cindhe, emban siladan.
Tegese: pilih kasih ora adil.
c. Cebol nggayuh lintang.
Tegese: kekarepan kang mokal bakal kelakon.
d. Kebo nusu gudel.
Tegese: wong tuwa jaluk wuruk wong enom.
e. Kebo mulih ing kandhange
Tegese: wong lunga adoh bali menyang omahe maneh.
f. Macan guguh.
Tegese: wong gedhe senajan wis kilangan panguwasane isih katon medeni.
g. Tumbu oleh tutup.
Tegese: wong kekancan sing cocok banget.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Paribasan lan Bebasan

PARIBASAN
Yaiku: unen-unen gumathuk kang ajeg panganggone, surasane wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Prakara cilik dadi prakara gedhe.
Tegese: prakara cilik dadi gedhe lan mbebayani.
b. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.
Tegese: wong bodho lan wong pinter padha dene nemu kacilakan.
c. Durung pecus kesusu selak besus.
Tegese: durung pinter sekolahe wis duwe pepinginan sing ora-ora.
d. Tulung menthung.
Tegese: tetulung nanging wusasane malah gawe rekasane sing ditulung.
e. Keplok ora tombok.
Tegese: melu seneng-seneng nanging ora melu cucul wragad.
f. Timun wungkuk jaga imbuh.
Tegese: wong bodho kanggone yen ana kekurangan.
g. Tuna satak bathi sanak.
Tegese: rugi sethithik ora dadi apa, nanging tambah paseduluran.
h. Baladewa ilang gapite.
Tegese: wong sing wis ora duwe panguwas maneh.
BEBASAN
Yaiku: tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Kebak luber kocar-kacir.
Tegese: wong kang kakehan ngilo malah bisa owah pikirane.
b. Nututi layangan pedhot.
Tegese: nututi barang remeh ora kurup karo rekasane.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Kamis, 08 Januari 2015

Panjebar Semangat

Panjebar semangat yaiku kalawarti (majalah) basa Jawa kang terbit pisanan 2 September 1933. Kalawarti iki isih tetep terbit minggon nganti saiki. Panjebar semangat digunakake dr. Soetomo kanggo nyengkuyung kamardikan Indonesia kanthi sesanti Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
Ing jaman nalika kababar, Panjebar semangat dianggep ora lumrah amarga nggunakake basa Jawa ngoko. Kalawarti iki kalebu kalawarti paling tuwa sing isih urip nganti saiki ing Indonesia. Ing mangsa-mangsa awal namung bisa nyithak 2000 eksemplar. Nanging ing taun 1936, bisa nyithak 6000 nganti 12000 eksemplar.
Ing jaman Jepang, kalawarti iki kudu tutup sawetara wektu, lan lagi bisa kacithak maneh ing taun 1949.
Majalah iki ora namung kasebar ing Jawa utawa Indonesia wae, ananging uga ing negara liya, kayata: Suriname, Kaledonia Anyar, Malaysia,  Thailand, Burma, lan Vietnam.

Ing taun 2013, Panjebar Semangat pikantuk bebungahan saka Museum Rekor Dunia Indonesia minangka kalawarti paling tuwa kang nggunakake basa dhaerah ing Indonesia. Bebungahan iki diwenehake dening MURI ngepasi dina ambal warsa Panjebar Semangat kang kaping 80 ing 2 September 2013.

Peprincine Gawe Layang Kiriman

1. Satat basa.
Yaiku: perangane layang kiriman marang sapa layang iku katujukake.
Tuladha:
Serat katur panjenenganipun....
Layang tumuju marang...
2. Adangiyah.
Yaiku: mratilakake pakurmatan, pamuji, lan sak panunggalane.
Tuladha:
Sembah sungkem kula.
Salam taklim.
Pandonga slamet.
3. Purwaka / pambuka basa.
Yaiku: wiwitan layang adate ngabarake keslametan, kabagas warasan.
4. Surasa basa / isi.
Yaiku: perangane layang kang minangka wosing layang kiriman kasebut isi lan kekarepane kang kirim layang.
5. Wasana basa / panutup basa.
Yaiku: perangane layang kang minangka pungkasane karep adate njaluk pangapura, pangarep-arep.
6. Titi mangsa.
Yaiku: perangane layang ngendi lan kapan layang iku digawe.
7. Paprenah.
Yaiku: sesambungane kang kirim layang marang kang dikirimi.
Tuladha:
Saking putra.
Saking wayah.
Saking kancamu lawas.
8. Tanda tangan / tapak asma.
Yaiku: tanda tangane kang kirim layang.
9. Asma / nama terang.

Yaiku: asma utawa jenenge komplit kang kirim layang.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Layang

Layang yaiku: salah sawijine sarana komunikasi kang awujud tulisan sanajan zaman maju saiki ana kang diarani telegram, fax, email, telepo, lan liya-liyane.
Jinising layang yaiku:
1. Layang kiriman / iber-iber.
Yaiku: layang kang isine ngabarake lan ngandarake bab-bab wigati marang wong liya kanthi tata cara lan perangan kang ganep.
2. Layang kitir.
Yaiku: layang kang ngandarake perkara kanthi ngeringkes adate mawa kertas sak cekele / sak anane.
3. Layang lelayu.
Yaiku: layang kang ngandarake utawa ngabarake ana wong mati / kasripahan.
4. Layang ulem.

Yaiku: layang kang isine ngaturi rawuh para tamu adate wong duwe gawe.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)