Tampilkan postingan dengan label Sastra. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Sastra. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Januari 2015

Dewa Ruci

Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena. Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin. Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho, Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka, Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena, Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder, gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli manjing samudra. Kasektene  ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja. Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancaraka, naga mau ilang saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.

Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal bela Bratasena selawase. 

Jumat, 09 Januari 2015

Sanepa lan Saloka

SANEPA
Yaiku: ukara pepindhan ngemu surasa mbanetake, duwe teges kosok balen.
Tuladha:
a. Tatune arang kranjang.
Tegese: tatune akeh banget.
b. Utange arang wulu kucing.
Tegese: utange akeh banget.
c. Eseme pait madu.
Tegese: eseme manis banget.
SALOKA
Yaiku: tetembungan kang jeg panganggone ngemu teges entar lan surasa pepindhan, kang disalokakake wong.
Tuladha:
a. Kebo kabotan sungu.
Tegese: wong kang rekasa uripe merga kakehan anak.
b. Emban cindhe, emban siladan.
Tegese: pilih kasih ora adil.
c. Cebol nggayuh lintang.
Tegese: kekarepan kang mokal bakal kelakon.
d. Kebo nusu gudel.
Tegese: wong tuwa jaluk wuruk wong enom.
e. Kebo mulih ing kandhange
Tegese: wong lunga adoh bali menyang omahe maneh.
f. Macan guguh.
Tegese: wong gedhe senajan wis kilangan panguwasane isih katon medeni.
g. Tumbu oleh tutup.
Tegese: wong kekancan sing cocok banget.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Paribasan lan Bebasan

PARIBASAN
Yaiku: unen-unen gumathuk kang ajeg panganggone, surasane wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Prakara cilik dadi prakara gedhe.
Tegese: prakara cilik dadi gedhe lan mbebayani.
b. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.
Tegese: wong bodho lan wong pinter padha dene nemu kacilakan.
c. Durung pecus kesusu selak besus.
Tegese: durung pinter sekolahe wis duwe pepinginan sing ora-ora.
d. Tulung menthung.
Tegese: tetulung nanging wusasane malah gawe rekasane sing ditulung.
e. Keplok ora tombok.
Tegese: melu seneng-seneng nanging ora melu cucul wragad.
f. Timun wungkuk jaga imbuh.
Tegese: wong bodho kanggone yen ana kekurangan.
g. Tuna satak bathi sanak.
Tegese: rugi sethithik ora dadi apa, nanging tambah paseduluran.
h. Baladewa ilang gapite.
Tegese: wong sing wis ora duwe panguwas maneh.
BEBASAN
Yaiku: tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Kebak luber kocar-kacir.
Tegese: wong kang kakehan ngilo malah bisa owah pikirane.
b. Nututi layangan pedhot.
Tegese: nututi barang remeh ora kurup karo rekasane.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Selasa, 30 Desember 2014

Serat Wulangreh

Serat Wulangreh yaiku karya sastra kang awujud tembang, karyane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, raja Surakarta, sing lair tanggal 2 September 1768.
Saiki, naskah Serat Wulangreh disimpen ing Museum Radya Pustaka ana ing Kutha Surakarta.
Tembung wulang duwe sinonim tembung pitutur sing tegese “ajaran”.  Tembung Reh asale saka Basa Jawa Kuna mlaku, aturan lan laku carane nggayuh utawa tuntutan. Sahingga Wulangreh bisa duweni teges ajaran kanggo nggayuh sawijining bab. Maksude bab iki yaiku laku tumuju urip sing harmoni lan sampurna.
Ing ngisor iki salah sawijine tembang ing Serat Wulangreh:
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara
Maksude:
Ilmu iku supaya bisa dipahami utawa bisa dikuwasai kudu nggawa cara, carane nggayuh ya nggawa cara kas, tegese kas yaiku usaha keras kanggo “memperkokoh karakter”, kokohe budi (karakter) bakal ngadohake saka watak angkara.
Salah sawijine istimewane karya sastra iki yaiku ora nganggo Basa Jawa Kuna sahingga nggampangake sing maca kanggo mahamine. Sanajan iku, ana babagan-babagan sing prelu dicermati amarga karya kasebut ajaran sinkretisme Islam-Kejawen, utawa ora kabeh ing jrone kuwi ajaran Islam. Sahingga ngakibatake sudut pandang sing beda-beda kanggo wong kang maca sing beda ideologi.

Senin, 29 Desember 2014

Rebutan Degan Si Gagak Emprit

Sejarah adege praja Mataram ora bisa dipisahake karo tlatah Gunung Kidul. Manut dedongengan lesan kang sumebar gethok tular, degan si gagak emprit mau mujudake sawiji-wijine woh klapa kang sakawit thukul saka sepet garing. Goteking akeh nyebutake yen wahyu kraton tanah Jawa sumimpen jroning degan mau. Kanthi mangkono, sapa sing bisa ngombe banyu degan si gagak emprit mau ateges bisa nyekel wahyu kraton tanah Jawa. Kanthi mangkono ing tembe bakal jumeneng ratu.
Crita lesan rebutan degan si gagak emprit mau nyatane uga tinemu ing crita babad kang katulis jroning kitab Babad Tanah Jawi edisi Meinsma kang sumimpen ing gedhong Pustaka Sono Budaya Kraton Kasultanan Ngayogyakarta bisa dadi sumber, mligine ing episode degane Ki Ageng Giring.
Kacaritakake ing episode mau, Ki Ageng Pamanahan wis salin asma Ki Ageng Mentawis. Dheweke remen mertapa lan tirakat ing alas gunung, lan papan-papan kramat. Panyuwune marang Gusti kang Akarya Jagad ora liya kajaba putra wayahe ing tembe bisoa jumeneng ratu tanah Jawa kang nate kapireng jroning riwayat.
Sawijining dina, Ki Ageng Pamanahan tilik rowange ing Gunung Kidul sesilih Ki Ageng Giring utawa Ki Ageng Paderesan. Tekan papan sing dituju, Ki Ageng Giring mbeneri ora ana ngomah. Ki Ageng Pamanahan mung dipethuki Nyai Giring. Sawise kabar kinabaran lan bawarasa sawetara Ki Ageng Pamanahan weruh degan wis parasan gumlethak ana jogan. Awit saking ngelake, degan nuli dijupuk banjur diombe saendhegan. Nyai Ageng Giring kang ketrek-ketrek nyoba nyegah nyatane muspara tanpa guna.
Geneya Ki Ageng Giring keduga nyimpen degan mau, awit nuhoni unine wisik. Kasebutake jroning babad, degan kasebut kapethik saka wit klapa kang nembe uwoh sepisanan. Nalika Ki Ageng Giring lagi nindakake pakaryan nderes klapa, ndadak krungu swara gaib sing punjere saka degan mau. Dene unine swara mangkene: “Hee, Ki Ageng Giring, mangertia! Sapa sing ngombe banyu degan iki lan bisa entek saendhegan, ing tembe saturun-turune bakal dadi ratu gedhe, mengku tanah Jawa kabeh!”
Kanthi senenge ati Ki Ageng Giring nuli mudhun. Degan enggal diparasi digawa mulih. Amrih bisa ngentekake banyu degan jroning saendhegan, Ki Ageng Giring nuli babad menyang wana dimen krasa kesel lan ngelak. Ora ngertiya degan mau malh diombe Ki Ageng Pamanahan kang dina kuwi sanja ing Gunung Kidul kaya wis kacritakake ing ndhuwur.
Sanajan gela, nanging dilaras wis dadi kersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula banjur mupus sarta ngajak rembugan apik-apikan marang Ki Ageng Pamanahan. Wigatine rembug, Ki Ageng Giring aweh pratikel sing dadi ratu tanah Jawa ing tembe selang-seling antarane turun Pamanahan kari turun Giring. Ki Ageng Pamanahan ora nyetujoni. Ki Ageng Giring banjur ngajokake usul anane selingan sawise turun loro. Ki Ageng Pamanahan ya ora ngulungake. Mangkono sateruse nganti turun kaping pitu turun Giring kang nggenteni ratu tanah Jawa. Tekan kono Ki Ageng Pamanahan ngendika aris, “Kakang Giring, allahualam, sok sukoa ing wingking. Kula mboten nguningani...”
Lelakon mengkono iku dening pujangga kang kajibah ngrakit sejarah, kacaritakake mawa sanepan “rebutan degan si gagak emprit”.
Patilasan prajanjen antaraneKi Ageng Giring karo Ki Ageng Pamanahan mau tinemu ing gumuk sandhuwure sendhang sing katelah Gunung Pasar, Desa Dlingo, Kecamatan Dlingo, Kabupaten Gunung Kidul. Wujude patilasan minangka pengetan prajanjen yakuwi kijing cacah pitu sing nganti tekan dinane iki isih dirukti becik.
Miturut panalitene Dr. Ann Kumar, pancen nyata yen ratu kaping pitu ing Kraton Mataram mujudake turun Giring, yaiku Pangeran Puger kang nalika madeg nata jejuluk Sunan Paku Buwana I. Pangeran Puger yektine wayah Panembahan Kajoran (Klaten) sing lair saka putra-putrine kang kagawa Pangeran Riyamenggala tus Giring.
(Kapethik saka crita rakyat Panjebar Semangat taun 2012, dening Sugeng Wiyadi mawa owah-owahan)

Sabtu, 27 Desember 2014

Asal Mulane Jenang Kudhus

Jenang yaiku oleh-oleh khas saka Kudhus, jenang digawe saka glepung beras ketan, santen, lan gula jawa. Cikal bakal jenang Kudhus ana ing Desa Kaliputu.
Jaman biyen ing Desa Kaliputu ana sing jenenge Mbah Dempok Sopoyono lan putune. Sawijining dina Mbah Dempok lan putune dolanan manuk dara ing pinggir kali Gelis kang isih ana ing wilayah Desa Kaliputu. Ujug-ujug putune kejegur lan kentir ing kali kuwi. Sawise bisa dislametake, Sunan Kudhus nyatakake yen putune Mbah Dempok mati. Nanging salah sawjine muride Sunan Kudhus sing jenenge Syeh Jangkung utawa bisa kasebit Saridin ngomong yen putune Mbah Jangkung mung semaput utawa mati suri amarga diganggu Banaspati. Banaspati yaiku setan sing urip ing kali lan duwe rambut geni.

Kanggo nangekake putune Mbah Dempok, Syeh Jangkung jaluk ibu-ibu warga Desa Kaliputu gawe jenang saka gamping (kapur sing digunakake kanggo bahan bangunan tembok). Amarga jenang kuwi, putune Mbah Dempok bisa urip maneh lan bebas saka gangguane Banaspati. Sahingga Sunan Kudhus ngendika mengkene,” Suk nek ana rejaning jaman wong Kaliputu uripe saka Jenang.”

Jumat, 26 Desember 2014

Rara Jonggrang

Dhek jaman biyen ing tanah jawa ana sawijining kraton jenenge Prambanan. Ratune asmane Praba Baka, kagungan putrid kang sulistya begat asmane Rara Jonggrang.
Kejaba kraton Prambanan, ing tanah Jawa uga ana kraton liyane sing ora kalah gedhene jenenge kraton Pengging. Kraton Pengging duwe prajurit sekti sing jenenge Bandawasa. Kejaba sekti, Bandawasa uga duwe gegaman kang ampuh banget arane Bandung. Mula Bandawasa uga kondang aran Bandung Bandawasa. Ing sawijining dina Ratu Pengging nimbali lan ngutus Bandung Bandawasa suapaya nelukake kraton Prambanan. Esuke Bandung Bandawasa sawadyalane budhal tumuju kraton Prambanan.
Ing Prambanan, Prabu Baka lan prajurite kang ora kuwawa ngadepi wadyabalane Bandung Bandawasa. Wusana Prabu Baka kalah lan bisa dipateni. Wiwit kuwi Ratu Pengging dhawuh supaya Bandung Bandawasa manggon ingn kraton Prambanan.
Nalika Bandung Bandawasa manggon ing kraton Prambanan, dheweke weruh wanodya kang sulistya ing warna, iya putrine Prabu Baka, Rara Jonggrang. Sabanjure Bandung Bandawasa kasmaran marang Rara Jonggrang lan sedyane arep didadekake jatukramane. Nanging Rara Jonggrang abot arep nampa lamarane Bandung Bandawasa. Amarga ngelingi yen sing mateni ramane iku ya Bandung Bandawasa dhewe lan menawa arep nolak ya abot sanggane.
Rara Jonggrang mikir lan mbudidaya kepriye carane supaya bisa ora klakon anggone palakrama karo Bandung Bandawasa. Wusana Rara Jonggrang nemokake cara yaiku lamaran iku ditampa nanging nganggo bebana sing mokal bisane kelakon. Bebanane, Bandung Bandawasa supaya nggawekake candhi sing cacahe sewu karo sumur sing jero banget, iku kabeh kudu rampung sajroning sawengi.
Bandung Bandawasa langsung nyaguhi bebanane Rara Jonggrang, amarga rumangsa yen bebana kuwi entheng banget jalaran duwe bapa sing bisa bantu kekarepane (Damarmaya). Bapake Bandung Bandawasa duwe wadyabala lelembut sing bisa nulungi nindakake pegaweyan kang ora bisa dilakoni dening manungsa.
Tekan dina sing wis ditemtokake, para wadyabala lelembut wiwit nyrempeng anggone padha nyambut gawe. Tekan ing tengah wengi wis bisa ngrampungke candhi cacahe 500 (separo). Rara Jonggrang kang nekseni anggone nggawe candhi wiwit goreh lan bingung, gek kepriye dadine menawa Rara Jonggrang sida dadi jatukramane Bandung Bandawasa.
Rara Jonggrang banjur ngudi cara kepriye bisa wurung. Mulane banjur nggugahi prawan-prawan Prambanan supaya bisa tangi reka-reka nutu pari ana lesung lan sakiwa tengene lesung supaya disebari kembang sing wangi-wangi.
Nalika prawan-prawan ing Prambanan padha nindakake dhawuhe Rara Jonggrang, wadyabala lelembut kang lagi nggarap candhi karo sumur padha leren, ngira menawa wis perak esuk, apa maneh mambu ganda wangine kembang. Wadyabala lelembut mau banjur padha lunga, kamangka anggone nggawe candhi isih kurang siji karo sumur. Dadine bebanane Rara Jonggrang ora bisa dileksanani.

Esuke Bandung Bandawasa niti priksa gaweyane para lelembut. Nanging bareng dieting kurang candhi siji lan sumur, ndadekake nepsune Bandung Bandawasa amerga wurung kekarepane. Bareng ngerti iki trekahe Rara Jonggrang kang dibantu dening prawan-prawan Prambanan, Bandung Bandawasa kelair nyumpahi Rara Jonggrang disabdakake dadi reca. Wujude reca kasebut nganti saiki isih bisa dideleng ing sajroning komplek Candi Prambanan.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Selasa, 23 Desember 2014

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
1. Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha:
a. Sapa jujur bakal makmur.
b. Ati jujur, budi luhur, pantes dadi wong dhuwur.
c. Wong kang watake sareh, polatane sumeh, adate mitrane akeh.
2. Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
a. Ati tatag, watak teguh tanggon, tan tinggal tata trapsila, adate bisa ngentasi karya.
b. Watak-wantune wanita utama, tindak-tanduke tansah setiti ngati-ati.
c. Pemudha ora gumendhung, ndhadhag wani ndhadha kaluputan, pantes ginadhang-gadhang dadi panggedhe.
3. Purwakanthi lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
a. Raja putra, putra dalem Ngastina.
b. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa.
c. Witing tresna, tresnaning mung sawetara.
Paedahe purwakanthi yaiku bisa mbecikake ukara, bisa ngenakake swara lan bisa ngalusake rasa. Luwih-luwih maneh menawa purwakanthi tetelu iku diracik bebarengan. Kang mengkono iku banjur bisa nuwuhake reseping rasa. Mula purwakanthi iku dadi busananing basa.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Kamis, 18 Desember 2014

Cangkriman

Cangkriman = batangan = bedhekan, yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang kekarepane amerga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere. Werna-wernane cangkriman ana 4, yaiku:
1. Cangkriman tembang, tuladha:
a.       Bapak pucung rupane saengga gunung
      Tan ana kang tresna
      Kabeh mesthi sengit
      Yen kanggonan dilu-elus tinangisan (=wudun)
b.       Bapak pucung dudu watu dudu gunung
      Sabane ing alas
      Ngon-ingone sang bupati
      Yen lumaku si puung lambehan grana (=gajah)
2. Cangkriman wancah/cekakane tembung, tuladha:
a. Pindhang kileng = sapi nang kandhang kanthi mentheleng.
b. Burnaskopen = bubur panas kokopen.
c. Wiwa wite, lesba dhonge, karwa pete = uwi dhawa uwite, tales amba godhonge, cikar dhawa tipete.
3. Cangkriman pepindhan (irib-iribaning barang), tuladha:
a. Dicokot pucuke, sing kalong bongkote = rokok.
b. Wit adhikih uwoh adhakah = waloh.
c. Anake klamben ibune wuda = pring.
4. Cangkriman plesedan, tuladha:
a. Wong adol pithik disrimpungi (sing disrimpungi kuwi pithike dudu wonge).
b. Wong adol mbako diambungi (sing diambungi mbakone).

c. Ana wong mati dilumpati kucing urip (sing urip kucinge).
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)