Tampilkan postingan dengan label Pendhidhikan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Pendhidhikan. Tampilkan semua postingan

Rabu, 07 Januari 2015

Kurikulum 2013

Kurikulum 2013 yaiku kurikulum anyar kang dicetusake dening Kementrian Pendhidhikan lan Kebudayan RI minangka ganti Kurikulum Tingkat Satuan Pendhidhikan. Kurikulum 2013 kagolong kurikulum kang ngutamakake babagan pangerten ing skill, lan pendhidhikan kang ngutamakake karakter utawa siswa dipeksa mahami materi, aktif ana ing jroning rerembugan lan presentasi serta ora ninggalake sopan santun disiplin kang dhuwur.
Mata Pelajaran
Tingkat Sekolah Dasar:
1. Pendhidhikan Agama lan Budi Pekerti
2. Pendhidhikan Pancasila lan Kewarganegaraan
3. Matematika
4. Bahasa Indonesia
5. Ilmu Pengetahuan Alam
6. Ilmu Pengetahuan Sosial
7. Seni budaya lan Prakarya (termasuk muatan lokal)
8. Pendhidhikan Jasmani lan Kesehatan (termasuk muatan lokal)
9. Bahasa Daerah (sesuai kebijakan sekolah masing-masing)
Kabeh mata pelajaran ing Sekolah Dasar disajikna kanthi cara terpadu integratif.

Tingkat Menengah Pertama:
a.  Kelompok A (wajib)
1. Pendhidhikan Agama ln Budi Pekerti
2. Pendhidhikan Pancasila lan Kewarganegaraan
3. Matematika
4. Bahasa Indonesia
5. Ilmu Pengetahuan Alam
6. Ilmu Pengetahuan Sosial
7. Bahasa Inggris
b. Kelompok B (wajib)
1. Seni Budaya (rupa/musik/tari/teater)
2. Pendhidhikan Jasmani lan Kesehatan
3. Prakarya (rekayasa/kerajinan/budidaya/pengolahan) lan Kewirausahaan
4. Bahasa Daerah (sesuai kebijakan sekolah masing-masing)

Tingkat Sekolah Menengah Atas:
a. Kelompok A (wajib)
1. Pendhidhikan Agama lan Budi Pekerti
2. Pendhidhikan Pancasila lan Kewarganegaraan
3. Matematika
4. Bahasa Indonesia
5. Sejarah Indonesia
6. Bahasa Inggris
b. Kelompok B (wajib)
1. Seni Budaya (rupa/musik/tari/teater)
2. Pendhidhikan Jasmani lan Kesehatan
3. Prakarya (rekayasa/kerajinan/budidaya/pengolahan) lan Kewirausahaan

c. Kelompok C (peminatan)
Ilmu Alam
Ilmu Sosial
Ilmu Basa
Matematika Peminatan
Sejarah Peminatan
Basa Indonesia Peminatan
Fisika
Geografi
Basa Inggris Peminatan
Biologi
Ekonomi
Basa Dhaerah
Kimia
Sosiologi
Basa Asing
Lintas Minat/Pendalaman Minat


Selasa, 06 Januari 2015

Basa Jawa 2 Jam Saben Minggu

Sekolah sing ora menehi alokasi kanggo basa Jawa 2 jam saben minggu, berarti wis ngelanggar Perda Propinsi Jateng Nomor 9 taun 2012 babagan basa , sastra, lan aksara Jawa kang disusul terbite pergub Nomor 57 taun 2013.
Babagan kasebut amarga isih ana sekolah kang namung ngalokasikake sejam saben minggu lan ana sing didadikake siji karo pelajaran liyane. Gegayutan karo iku, Dinas Pendhidhikan arep nindaklanjuti sekolah sing mbandel.
Kurikulum 2013 Basa Jawa nembe disahke tanggal  4 Juni 2014, mulok basa Jawa ing kurikulum 2013 berbasis kompetensi inti (KI) lan Kompetensi Dasar. Luwih nekanake penyederhanan materi, artine materi kang diajarake ora akeh kaya ana ing kurikulum sadurunge nanging luwih jero.
Misal: materi cerkak diajarake nganti telung pertemuan ing kelas SMA, supaya para siswa luwih nguwasai aspek pengetahuan.

Pelajaran basa Jawa uga ana alangane kaya dene isih sithike guru basa Jawa, amarga saka iku bupati lan walikota kudu luwih mahami permasalahan pelajaran basa Jawa lan pentinge pelajaran kasebut diajarake kanggo bocah-bocah jaman saiki.