Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Januari 2015

Werna-wernaning Wayang

1. Wayang wong, yaiku: wayang kang paragane wong.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
2. Wayang kulit, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
3. Wayang golek, yaiku: wayang sing digawe saka kayu, dipetha uwong.
Critane: Menak.
4. Wayang klithik, yaiku: wayang sing digawe saka kayu nanging digawe gepeng.
Critane: Damarwulan.
5. Wayang gedog, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: Panji.
6. Wayang beber, yaiku: wayang awujud gambar adegan.
Critane: Raden Panji lan Sekartaji.
7. Wayang suluh, yaiku: wayang modern sing digawe saka lulang dipetha wong kanggo menehi sesuluh/ penerangan.
Critane: Mahabharata lan Ramayana.
8. Wayang wahyu, yaiku: wayang sing digawe saka walulang.
Critane: saka kitab suci.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Selasa, 06 Januari 2015

Bedhaya Ketawang

Bedhaya Ketawang dumadi saka rong tembung. Budhaya kang saka basa Sansekerta ‘budh’ kang tegese pikiran utawa budi. Sateruse dadi bedhaya utawa budaya. Diarani kaya mangkono amarga beksan Bedhaya Ketawang diripta karo olah pikiran lan olah rasa. An pendapat liya kang ngandarake yen bedhaya iku tegese penari utawa pambeksan kraton. Dene ‘ketawang’ tegese langit utawa angkasa. Dadi Bedhaya Ketawang tegese beksan beksan langit kang nedahake obahe lintang-lintang, saengga obahe pambesane alon banget.
Miturut kitab Wedbapradangga, Bedhaya Ketawang diripta dening Sultan Agung (Panembahan Senopati) nata kang kapisan saka Kraton Mataram karo Kanjeng Ratu Kencanasari, panguwasa segara kidul kang bisa uga disebut Ratu Kidul. Sadurunge beksan diripta, Panembahan Senopati ngongkon para empu gamelan supaya ngripta siji gendhing kang disebut ketawang. Kacarita, anggone ngripta gendhing supaya dadi sampurna, sawise Sunan Kalijaga melu ngripta gendhing kasebut.
Bedhaya Ketawang isih dipentasake ing mangsa pemerintahan, Sri Susuhunan Paku Buwana kaping XIII. Pasugatan beksan iki wis ngalami owaah-owahan. Tatanan pasugatan isih nganut tradhisi ritul ing mangsa kapungkur.

Busana beksan Bedhaya Ketawang nggunakake Dodot Ageng kanthi motif Bangun Tulak Alas-alasan kang ndadikake pambeksane krasa ngujiwati.

Rabu, 17 Desember 2014

Gugon Tuhon

Gugon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu mareng guneme wong utawa dedongengan. Tuhon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang banget mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. Dadi gugon tuhon yaiku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amerga ora ana bukti nyatane.
Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a. Dadi mangsane bathara kala
b. Bisa sengsara panguripane
c. Anake bisa entek mati
d. Bisa ora dawa umure
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan nanggap wayang lakon Murwakala. Dene slametan kanggo ngilangi bebendu sesiku iku diarani Mruwat/Ruwatan. Sing kalebu gugon tuhon ana werna loro yaiku wasita sinandhi lan bocah sukerta.
a. Wasita Sinandhi.
Wasita sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilairake kanthi satemene. Padatan liyane, wasita sinandhi uga diarani aradan, lumrahe dikantheni tembung ora ilok kang satemene ora becik.
Tuladha: Aja lungguh, ngadeg lan ndhodhok ing tengah lawang, mundhak jondhange bali ing dalan. (Tumrap anak lanang: mundhak angel olehe golek bojo). Sarehning lawang kuwi dalan kanggo mlebu metu ing omah, dadi menawa dienggo lungguh, ngadeg utawa ndhodhok, bisa ngganggu wong-wong sing arep liwat.
Tuladha:                                                                                                       1. Aja seneng lungguh bantal, mundhak udunen.
2. Aja menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
3. Ora ilok nyapu latar nganggo keset, mundhak anake kesot.
4. Ora ilok wanita lungguh jegang.
5. Ora ilok payungan ing njero omah.
6. Aja sok ngliling bayi saka duwur, mundhak pangling sing momong.
7. Ora ilok mangan karo turon, tumrap wong waras.
8. Aja ngidoni sumur utawa genthong, mundhak guwing.
9. Aja gawe omah sing lawang lan butulane terusan.
10.Ora ilok mangan karo ngadeg, lan sapiturute.
11.Ora ilok mbuwang tuma.

b. Bocah Sukerta.
Kang diarani bocah sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah iku lamun wis diruwat wis ora kalebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah sukerta kuwi ana rong golongan, yaiku:
1. Bocah sukerta amerga kodrate (dudu karepe bocah), kayata:
a) Bocah Ontang-anting.
Yaiku bocah lanang siji tunggal.
b) Bocah unting-unting.
Yaiku bocah wadon siji tunggal.
c) Bocah uger-uger lawang.
Yaiku bocah lanang loro kakang adhi.
d) Bocah kembang sepasang.
Yaiku bocah wadon loro kakang adhi.
e) Bocah cukil dulit.
Yaiku bocah lanang telu kakang adhi.
f) Bocah gotong mayit.
Yaiku bocah wadon telu kakang adhi.
g) Bocah saka panggung.
Yaiku bocah lanang papat kakang adhi.
h) Bocah sarimpi.
Yaiku bocah wadon papat kakang adhi.
i) Bocah pandhawa.
Yaiku bocah lanang lima kakang adhi.
j) Bocah pancagati.
Yaiku bocah wadon lima kakang adhi.
k) Bocah kedhana-kedhini.
Yaiku bocah loro lanang wadon kakang adhi.
l) Bocah sendhang kapit panuran.
Yaiku bocah telu lanang wadon lanang kakang adhi.
m) Bocah pancuran kapit sendhang.
Yaiku bocah telu wadon lanang wadon kakang adhi.
n) Bocah kembar.
Yaiku bocah kang lair bareng.
o) Bocah gondhang kasih.
Yaiku bocah kembar beda pakulitane.
p) Bocah dampit.
Yaiku bocah kembar lanang wadon.
q) Bocah karenda.
Yaiku bocah kembar nunggal bungkus.
r) Bocah bungkus.
Yaiku bocah lair sabungkus.
s) Bocah tawang gantungan.
Yaiku bocah kembar laire ganti dina.
t) Bocah ipil-ipil.
Yaiku bocah lima siji lanang papat wadon.
u) Bocah pondangan.
Yaiku bocah lima siji wadon papat lanang.
v) Bocah margana.
Yaiku bocah lair ing tengah dalan.
w) Bocah jempina.
Yaiku bocah lair durung genep sasine.
x) Bocah gilir kacang.
Yaiku bocah urut lanang lan wadon.
y) Bocah julung caplok.
Yaiku bocah lair bareng surupe surya.
z) Bocah julung kembang.
Yaiku bocah lair bareng pletheking surya.

2. Bocah sukerta amerga tumindake, kayata:
a. Bocah utawa wong kang ngrubuhake dandang.
b. Bocah utawa wong kang nugelake gandhik.
c. Bocah utawa wong kang nandur waluh ing ngarep omah.
d. Bocah utawa wong kang bebuwang ana ing sumur.
e. Bocah utawa wong kang mbuwang siladan ana ing latar.

Bocah sukerta ing dhuwur mau dadi jatah pangane Bathara Kala. Ing jaman saiki upacara ruwatan wis arang-arang katindakake. Bocah sukerta mung dhapur gugon tuhon, digugu becik, ora ya ora apa-apa.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)