Tampilkan postingan dengan label Basa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 08 Januari 2015

Peprincine Gawe Layang Kiriman

1. Satat basa.
Yaiku: perangane layang kiriman marang sapa layang iku katujukake.
Tuladha:
Serat katur panjenenganipun....
Layang tumuju marang...
2. Adangiyah.
Yaiku: mratilakake pakurmatan, pamuji, lan sak panunggalane.
Tuladha:
Sembah sungkem kula.
Salam taklim.
Pandonga slamet.
3. Purwaka / pambuka basa.
Yaiku: wiwitan layang adate ngabarake keslametan, kabagas warasan.
4. Surasa basa / isi.
Yaiku: perangane layang kang minangka wosing layang kiriman kasebut isi lan kekarepane kang kirim layang.
5. Wasana basa / panutup basa.
Yaiku: perangane layang kang minangka pungkasane karep adate njaluk pangapura, pangarep-arep.
6. Titi mangsa.
Yaiku: perangane layang ngendi lan kapan layang iku digawe.
7. Paprenah.
Yaiku: sesambungane kang kirim layang marang kang dikirimi.
Tuladha:
Saking putra.
Saking wayah.
Saking kancamu lawas.
8. Tanda tangan / tapak asma.
Yaiku: tanda tangane kang kirim layang.
9. Asma / nama terang.

Yaiku: asma utawa jenenge komplit kang kirim layang.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Layang

Layang yaiku: salah sawijine sarana komunikasi kang awujud tulisan sanajan zaman maju saiki ana kang diarani telegram, fax, email, telepo, lan liya-liyane.
Jinising layang yaiku:
1. Layang kiriman / iber-iber.
Yaiku: layang kang isine ngabarake lan ngandarake bab-bab wigati marang wong liya kanthi tata cara lan perangan kang ganep.
2. Layang kitir.
Yaiku: layang kang ngandarake perkara kanthi ngeringkes adate mawa kertas sak cekele / sak anane.
3. Layang lelayu.
Yaiku: layang kang ngandarake utawa ngabarake ana wong mati / kasripahan.
4. Layang ulem.

Yaiku: layang kang isine ngaturi rawuh para tamu adate wong duwe gawe.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Rabu, 07 Januari 2015

Dialek Kudhus

Tembung ora ing basa Jawa, ana ing Kudhus dadi orak ana uga sing ngucape ogak. Tembung wae ing basa Jawa, ana ing Kudhus dadi ae. Ana uga tembung perangkai, kayata: ndok, tak, kok. Wong Kudhus uga ganti panambang –mu dadi –em. Tuladha: bojonem, sawahem, bapakem.
Perbandingan: ing basa Jawa ana tembung-tembung, kayata: jarake, kepriye, dak , saben. Kabeh iku dadi: jarna, piye, tak, ben.
Basa Jawa
1.                   Duwe-e sapa?
2.                   Kuwi kepriye?
3.                   Dak jaluk kowe bali.
4.                   Saben dina aku mrene.
5.                   Sampeyan punika kados pundi?

Dialek Kudhus
1.                   Ngge-e sapa?
2.                   Iku piye?
3.                   Tak jaluk kowe balik.
4.                   Ben dina aku rene.
5.                   Sampeyan niku despundi?

Ing Kudhus uga dikenal tetembungan, kayata ing ngisor iki:
Kirangan: entah.
Njarak: sengaja.
Ketilap: ketemu.
Mantuk: bali.
Mbok: ibu.
Nduk: panggilan kanggo bocah wadon.
Nang: panggilan kanggo bocah lanang.
Bi: bibi.
Kang: mas.
Yu: mbakyu.
Mbokyai: nenek.

Ing Kudhus uga ana ucapan, kaya mengkene:
Wah... adohe sak jabalkerat!----> iki nunjukake panggonan kang dituju adoh banget.

Iki wis ndek jaman baolak. ----> tembung baolak mungkin saka tembung basa Sunda, yaiku baheula: jaman dhisik.

Senin, 05 Januari 2015

Sesorah

Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh

Tujuan ancase wong pidhato ana werna - werna :


1. Ulung tinampen/pasrah tampi kanggo nampa barang sarahan lan masrahake calon penganten.
2. Kangge panglipur.
3. Atur informasi utawa menehi kabar.
4. PangajakSesorah kang sipate ngajak wong sing padha ngeringokena kapiket, sahingga tertarik atine marang andharan mau.
5. Atur pambagya kanggo nampa tamu ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.
Bab kang digatekake supaya nalika sesorah hasile kanthi becik:
BASA
Basa kang digunakake kudu pas karo sing di adhepi, dadi gampang di mangerteni.
BUSANA
Menawa sesorah prayoga migunakake busana kang becik lan sopan
SWARA
Swara wong kang lagi sesorah kuwi aja keseron lan aja kelirihen, lafal lan vokale kudu jelas.
SOLAH BAWA / SIKAP
Solah bawane kudu manteb lan teteg, madhep marang pamirsa, tangane ngapurancang, aja kendhengaken lan aja kendhingkluken
Urutane sesorah:
Salam pambuka kaya "Assalamualaikum Wr. Wb.
1. Purwaka, isine ucapan syukur marang sing dhuwe jagad.
2. Isi, wigatining atur bab apa wae sing bakal diaturake.
3. Pengarep-arep, Isine bab sig disuwunake marang para tamune umpamane donga, pitutur.
4. Panutup, Isine njaluk pangapura marang para tamu yen ana kaluputane
5. Salam panutup, Ngaturake salam marang tamune.

Konggres Basa Jawa

Konggres Basa Jawa sing bisa disingkat KBJ, yaiku prastawa limang tahunan sing dipandhegani dening pamarentah telung propinsi. Telung propinsi kuwi yaiku Jawa Tengah, Jawa Timur lan Propinsi D.I. Yogyakarta, amarga telung propinsi kasebut sing nggunakake basa Jawa. Prastawa iku biasane dirawuhu dening para akadhemisi, praktisi, lan masarakat sutresna basa lan budaya Jawa. Undangan kusus uga ditujuake marang tiyang mancanegara kaya dene Malaysia, Suriname, Australia, lan uga Walanda. Konggres sepisaanan dilaksanakake ana ing Semarang, Jawa Tengah ing taun 1991.
Panggonan Konggres Basa Jawa lan mangsane:
a. Konggres Basa Jawa I, 15-21 Juli 1991 ing Semarang.
b. Konggres Basa Jawa II, 22-26 Oktober 1996 ing Malang.
c. Konggres Basa Jawa III, 15-21 Juli 2001 ing Jogjakarta.
d. Konggres Basa Jawa IV, 10-14 September 2006 ing Semarang.
e. Konggrees Basa Jawa V, 27-30 November 2011 ing Surabaya.
Kaputusan-kaputusan wigati  Konggres Basa Jawa:
Konggres Basa Jawa IV:
a. Nyatakake lumakune piwulangan Basa Jawa ing Sekolah Dasar tekan Sekolah Menengah Atas    lan sederajat ing telung propinsi kasebut.
b. Piwulang basa Jawa supaya migunakake teknologi kanggo mepaki pembelajaran Basa Jawa.
c. Kulawarga masarakat Jawa supaya migunakake Basa Jawa.
d. Konggres Kabudayan Jawa ing taun 2011 dilaksanakake sadurunge Konggres Basa Jawa ka-V. 

Selasa, 30 Desember 2014

Unggah-Ungguh Basa Jawi

1. Ngoko Lugu.
Sedaya tetembungan ngginakaken tembung ngoko (afiks ugi ngoko).
Tuladha:     a. Aku mangan sega.
                  b. Ibu lagi masak.
                  c. Bapak lunga menyang sawah.
2Ngoko Alus.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko (afiks ugi ngoko), krama inggil minangka pakurmatan kagem tiyang sanes, krama andhap (menawi wonten). Ragam basa menika dipunginakaken maring tiyang ingkang sampun tepung nanging tetep kepengin ngaosi (ngajeni).
Tuladha:     a. Pakdhe mengko arep tindak karo sapa?
                  b. Bapak dhahar soto.
                  c. Ibu wis sare kawit jam wolu mau.
3. Krama Lugu.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika sedaya ngginakaken tembung krama (afiks ugi krama).
Tuladha: Sampeyan sampun nedha?
4. Krama Alus.
Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika leksikon krama, krama inggil (minangka pakurmatan dhumateng tiyang sanes), krama andhap (menawi wonten), afiks ugi krama. Ragam basa menika dipunginakaken maring tiyang ingkang dereng tepung lan kanggti yang statusipun asor dhateng tiyang statusipun inggil.
Tuladha: a. Panjenengan sampun dhahar, Pak?
     b. Simbah gerah waja sampun tigang dinten.
     c. Bapak nembe sare.

Rabu, 24 Desember 2014

Paragraf Eksposisi

Eksposisi iku asale saka tembung basa manca (Yunani/Latin) kang manut asale ateges miwiti utawa babat alas. Paragraf iki menehi katrangan-katrangan sing sadurunge durung ana utawa wis suwe banget kesilep wektu. Sifate menehi katrangan tanpa ajak-ajak marang sing maca tulisan kasebut. Wujud karangan eksposisi bisa awujud tips. Umpamane tips kasarasan: jambu kluthuk kanggo nyegah utawa nambani demam berdarah. Piye carane gawe, dhahare lan sapiturute dibeberake ana ing wujud karangan eksposisi. Pola pengembangan karangan eksposisi bisa kadhapuk saka:
1. Pola proses, yaiku sawijining urutan saka kepiye carane gawe utawa ngasilake asil saka kedadeyan utawa prastawa.
2. Pola sebab-akibat, sebab tumindak minangka gagasan utama, lan akibat minangka rincian pengembangane.
3. Pola ilustrasi, mung sadrema ngandarake kekarepane penulis. Pengalaman-pengalaman pribadi bisa dadi bahan ilustrasi kang paling efektif kanggo njlentrehake gagasan umum.
Paragraf eksposisi kang becik mbutuhake penalaran kang logis, yaiku kanggo nggathukake antarane data lan fakta kang ana kanggo nata kesimpulan kang bener.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)

Minggu, 21 Desember 2014

Basa Jawa Kuna

Basa Jawa Kuna (krama Basa Jawi Kina) iku basa Jawa sing dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki amerga nalika iku basa iki wis ditulis.Basa Jawa Kuna akèh pengaruh saka tembung Sansekerta. Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra sing ditemokaké. Yèn prasasti-prasasti iki biasané ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra biasané diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal, senadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar Sundha, lan Madura.
Conto basa Jawa Kuna:
· Kunang kacaritanikanang amawa phalaning jambu, sânak ikang nāga Takṣaka tumutur  sakêng pātāla, ikang Takṣaka munggwing sunguting jambu. Ikang brāhmana mamawa  jambu, ri huwusing jambu kawwat, mangunyakěn wedaśānti mangastungkārājaya-jaya  mantra.
Jarwa
'*Déne caritané sing nggawa woh jambu, seduluré naga Taksaka, mèlu saka ing dhasaring bumi, si Taksaka dumunung ing sunguting jambu. Sang Brahmana ngasta jambu, ing sawisé jambuné kaatur, ngunèkaké pepujèn wéda, memuji slamet lan unggul mantra.
Prabedan antarane basa Jawa Kuna lan basa Kawi.
Basa Kawi iku basa kasusastran. Basa iki bisa adhedhasar basa Jawa Kuna, nging durung temtu.

Sabtu, 20 Desember 2014

Tembung Saroja lan Entar

Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha:   Padhang njingglang.
                 Peteng ndedet.
                 Ayem tentrem.
                 Tumpang tindih.
                 Ajur mumur.

Tembung Entar
Entar tegese silih utawa ampil.
Tembung entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing basa Indonesia, tembung entar diarani kiasan utawa ungkapan.
Tuladha:
a. Ranti rewel kogel atine amarga ora dipundhutake dolanan.
    Kogel atine tegese anyel.
b. Pak Minta kae katone sabar, jebul karo anak-anake gelem mara tangan.
    Mara tangan tegese cengkiling utawa milara.
c. Joni kuwi pancen sirah watu, wis dikandhani bola-bali isih tetep ora nggugu.
    Sirah watu tegese nggugu karepe dhewe.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
                

Sabtu, 29 November 2014

Homonim, Homograf, lan Antonim

A. HOMONIM
Yaiku tembung-tembung kang padha pengucapane lan padha panulisane nanging beda tegese.
Tuladha :
a) Bapak sampun mundhut kajeng jatos.
b) Kajeng kula mboten mekaten.
Katrangan : tembung kajeng ing ukara a lan b senajan tulisan lan pangucapane padha nanging tegese beda
~ ing ukara a tegese kayu
~ ing ukara b tegese karep
a. Para guru Madrasah Tsanawiyah padha gawe naskah soal cawu II
b. Bu Wiryo saiki para ana Pasar Klewer
Katrangan :
~ ing ukara a tegese akeh
~ ing ukara b tegese teka
B. HOMOGRAF
Yaiku tembung-tembung kang padha panulisane nanging beda pengucapane lan tegese.
Tuladha :
a) Bocah kae rambute kethel.
b) Banyune diwadahi kethel.
C. ANTONIM (kosok balen)
Tuladha :
a. Saben RT dhuwe kas kanggo bungah susah.

b. Wong urip bebrayan iku bungah susah dienggo bebarengan.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)