Rabu, 07 Januari 2015

Dialek Kudhus

Tembung ora ing basa Jawa, ana ing Kudhus dadi orak ana uga sing ngucape ogak. Tembung wae ing basa Jawa, ana ing Kudhus dadi ae. Ana uga tembung perangkai, kayata: ndok, tak, kok. Wong Kudhus uga ganti panambang –mu dadi –em. Tuladha: bojonem, sawahem, bapakem.
Perbandingan: ing basa Jawa ana tembung-tembung, kayata: jarake, kepriye, dak , saben. Kabeh iku dadi: jarna, piye, tak, ben.
Basa Jawa
1.                   Duwe-e sapa?
2.                   Kuwi kepriye?
3.                   Dak jaluk kowe bali.
4.                   Saben dina aku mrene.
5.                   Sampeyan punika kados pundi?

Dialek Kudhus
1.                   Ngge-e sapa?
2.                   Iku piye?
3.                   Tak jaluk kowe balik.
4.                   Ben dina aku rene.
5.                   Sampeyan niku despundi?

Ing Kudhus uga dikenal tetembungan, kayata ing ngisor iki:
Kirangan: entah.
Njarak: sengaja.
Ketilap: ketemu.
Mantuk: bali.
Mbok: ibu.
Nduk: panggilan kanggo bocah wadon.
Nang: panggilan kanggo bocah lanang.
Bi: bibi.
Kang: mas.
Yu: mbakyu.
Mbokyai: nenek.

Ing Kudhus uga ana ucapan, kaya mengkene:
Wah... adohe sak jabalkerat!----> iki nunjukake panggonan kang dituju adoh banget.

Iki wis ndek jaman baolak. ----> tembung baolak mungkin saka tembung basa Sunda, yaiku baheula: jaman dhisik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar