Minggu, 30 November 2014

Tradhisi Buwuh Ing Pathi

Buwuh yaiku tradhisi nyumbang maring wong kang lagi duwe "gawe", tuladhane gawe bisa nikahan, sunatan lan sapanunggalane. Ana ing Pathi, biasane buwuhe arupa beras, gula, mi, dhuwit, rokok sak paket lan liya-liyane. Menawa sing duwe gawe isih dulur, buwuhe arupa:

  1. Beras, mi, gula (yen wong wadon utawa ibu-ibu),
  2. Rokok sak paket (yen wong lanang utawa bapak-bapak).

Menawa ora sedulur, biasane namung beras (ibu-ibu) lan dhuwit (bapak-bapak). Barang-barang kang diwenehake iku isih ana gegayutane kanggo acara, amarga bisa digawe sogatan tamu. Biasane yen sing duwe gawe uga nyatet sapa wae sing mara lan rupa buwuhe apa. Yen sing nyumbang genti dadi wong sing duwe gawe, iya mesthi kepengin diwenehi buwuh kang serupa karo kang wingi diwenehake. 
(Dening Sariha Devi)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar