A. HOMONIM
Yaiku tembung-tembung kang padha pengucapane
lan padha panulisane nanging beda tegese.
Tuladha :
a) Bapak sampun mundhut kajeng jatos.
b) Kajeng kula mboten mekaten.
Katrangan : tembung kajeng ing ukara a lan b
senajan tulisan lan pangucapane padha nanging tegese beda
~ ing ukara a tegese kayu
~ ing ukara b tegese karep
a. Para guru Madrasah Tsanawiyah padha gawe naskah
soal cawu II
b. Bu Wiryo saiki para ana Pasar Klewer
Katrangan :
~ ing ukara a tegese akeh
~ ing ukara b tegese teka
B. HOMOGRAF
Yaiku tembung-tembung kang padha panulisane
nanging beda pengucapane lan tegese.
Tuladha :
a) Bocah kae rambute kethel.
b) Banyune diwadahi kethel.
C. ANTONIM (kosok balen)
Tuladha :
a. Saben RT dhuwe kas kanggo bungah susah.
b. Wong urip bebrayan iku bungah susah dienggo
bebarengan.
(Saka Buku Ajar Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar