Buwuh yaiku tradhisi nyumbang maring wong kang lagi
duwe "gawe", tuladhane gawe bisa nikahan, sunatan lan sapanunggalane.
Ana ing Pathi, biasane buwuhe arupa beras, gula, mi, dhuwit, rokok sak paket
lan liya-liyane. Menawa sing duwe gawe isih dulur, buwuhe arupa:
- Beras, mi, gula (yen wong wadon utawa ibu-ibu),
- Rokok sak paket (yen wong lanang utawa bapak-bapak).
Menawa ora sedulur, biasane namung beras (ibu-ibu)
lan dhuwit (bapak-bapak). Barang-barang kang diwenehake iku isih ana gegayutane
kanggo acara, amarga bisa digawe sogatan tamu. Biasane yen sing duwe gawe uga
nyatet sapa wae sing mara lan rupa buwuhe apa. Yen sing nyumbang genti dadi
wong sing duwe gawe, iya mesthi kepengin diwenehi buwuh kang serupa karo kang
wingi diwenehake.
(Dening Sariha Devi)